ALOGSAWA
PANGERTENE PACHELATHON
Pacelathon yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni ancas tartamtu. Pacelathon iku uga kalebu kasusastran Jawa. Pacelathon iku asale saka tembung lingga, yaiku celathu. Celathu duwe teges omongan utawa guneman.
Nulis Pacelathon
Sadurunge bisa ngandharake pacelathon kanthi cetha, para siswa digladhi nulis pacelathon. Dene nalika nulis pacelathon iku mesthine ana paugerane.
Paugeran kanggo nulis pacelathon iku kaya ing ngisor iki.
1) Cara nulis pacelathon
a. Wujude guneman
b. Jeneng paraga ditulis
c. Gunakake tandha wacan titik loro (:) sawise jeneng paraga
d. Guneman ditulis ing jeri tandha kutip (“….”)
e. Katrangan panggonan, wektu lan swasana ditulis ing jero tandha
kurung ()
2) Ancer-ancer pacelathon
Anggone nyemak pacelathon, kudu nggatekake bab-bab kang wigati kaya ing ngisor iki.
a) Catheten bab-bab kang wigati, yaiku topik kang diomongake, sapa kang celathu, lan papan dumadine pacelathon.
b) Nulis isine pacelathon, yaiku owahana saben bab kang wigati saka pacelathon mau dadi ukara banjur ukara-ukara iku disusun kanthi urut.
VIDEO PEMBELAJARAN
Gawea teks Pacelathon ana ing kolong komentar blog ngisor iki!
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus